Latest Post

RUKUN ISLAM II


RUKUN ISLAM II

صل وسلم دائما علي احمد * والال والاصحاب من قد وحد


Eling-eling rukun Islam iku lima
Wus dadi mufakate para Ulama

Ingkang awal iku maca ing syahadat
Kaping pindho limang wektu kudu syahadat

Kaping teli iku ngetoake zakat
Pasa ramadhan rukun kang nomer papat

Kaping lima munggah haji lamun kuwat
Dalan gampang nduwe banda nduwe ragat
 

RUKUN ISLAM I

 
RUKUN ISLAM I

اللهم صل علي محمد يارب صل عليه وسلم

Siro ing donya padha Islamo,
Rukune Islam yaiku ana lima
Syahadat Shalat Puasa Zakat,
Hajio siro lamun kuwasa
Ngajio siro marang pak Kiyai,
Kanggo sangune mbesuk yen mati

Hai sedulurku sakwuse krungu adzan
Aja sira ketungkul omong-omongan
Nuli wudlu sakwise banjur dandan
Mlebu Mesjid nindakake kewajiban
Shalat sunat aja nganti ketinggalan
Nunggu Imam sinambi puji-pujian
 

OBAT HATI







OBAT HATI
( Tamba Ati )


اللهم صل عل سيدنا ومولانا محمد
عددما يعلم الله صلاة دائمة يدام ملك الله

Tamba ati iku lima warnane
Ingkang dhingin nderes Qur'an sakmanane

Kaping pindho wong kang sholeh kumpulana
Kaping telu shalat wengi lakonana

Kaping papat weteng iro ingkang luwe
Kaping lima dzikir wengi ingkang suwe

Salah sawijine sapa wong kang gelem nglakoni
Insya Allah Gusti Allah ngijabahi
 

PUJIAN AMAR MA'RUF







PUJIAN AMAR MA'RUF
( Pujian Kanggo Ajak-Ajak Becik ) 


اللهم صل وسلم علي سيدنا محمد خير الوري
سيدنا محمد خير الانام محمد شفيعنا يوم الزحام

He sedulur sira padha mangertia
Urip kita bebarengan ana donya
Ora suwe nuli kita ora ana
Bali sowan maring Allah kang kuwasa

Mula kudu sing prayitna aja lena
Aja nganti kepincut gebyare donya
Aja tansah nguja hawa nafsu kita
Kang ngajak laku ala lan duraka

Mula ayo padha mempeng anggone ngaji
Gawe sangu mbesuk anggone padha bali
Sowan maring Allah ingkang Mahasuci
Kanthi Iman kelawan Islam kang sejati

Nuwun kita maring Allah kang sawiji
Lamun kita arep tumekane janji
Tansah eling maring Allah kanthi muji
Tan ana liya anging Allah kang sawiji

Menawa kita bisa tetep mati Islam
Insya Allah bisa njawab pitakonan
Kanthi tatag sebab duwe sangu Iman
Ora susah apa maneh gragapan

Mula ayo mumpung urip bebalapan
Ngudi Ilmu minangka tambahing Iman
Aja dhemen njagong omong lelahanan
Luwih-luwih nyatur  liyan nggo nyamikan

He sedulur kita wajib setya tuhu
Kabeh Ilmu wulangane bapak guru
Kita titi aja nganti klera-kleru
Lamun kleru ngibadahe ora payu

Mumpung urip kabeh wae sedulurku
Niti-niti ala becike lakuku
Sebab mbesuk ana ngarsane Gustiku
Bakal dipriksa ala becike ngamalku

Luwih-luwih shalat fardlu lelimane
Dzuhur Asar Maghrib Isyak lan Subuhe
Kudu ngerti kabeh syarat lan rukune
Iku dadi kuncine kabeh ngamale

Yen katrima shalat kita sakabehe
Mesti bakal katrima kabeh ngamale
Gusti Allah ngganjar marang kawulane
Insya Allah bisa mlebu suwargane

Ayo-ayo sedulurku kabeh wae
Bapak-bapak Ibu-ibu lan puterane
Mlebu Islam agama kang nylametake
Slamet donya tumekaning akherate

Ora ana Agama ing donya iki
Islam terang cetha Agama kang suci
Pranatane Allah ingkang Mahasuci
Kang kaampil Gusti kita kanjeng Nabi

Muga-muga manah kita tinarbuka
Dening Allah Dzat ingkang Mahakuwasa
Enggal bisa nindakake dhawuh Agama
Kanthi ikhlas ora sarana kepeksa

Uwis cukup sedulur semen wae
Pepilingku marang sira kabeh
Mbok menawa ana kleru lan lupute
Kersa paring ngapura saiki wae

Mugi-mugi Gusti ingkang Mahasuci
Lepat kita sedaya dipun ampuni
Mugi-mugi Gusti Allah ngijabahi
Amin-amin ya Allah robbal'alamin
 

DERAJAT ORANG YANG MENEGAKKAN SHALAT



DERAJAT ORANG YANG MENEGAKKAN SHALAT
( Derajat Wong kang Njejekake Shalat)


اللهم صل وسلم علي
سيدنا ومولنا محمد

Kangge wong kang nindakake lan njaga shalate
Allah bakal mulyakake marang lima pangkate 2x

Siji diilangake rupek pangupa jiwane
Loro diilangake siksa ana kubure 2x

Telu diparingake buku catetan amale
Mungguh lih maringake nganggo asta tenegene 2x

Papat kaya kilat nguwot siratal muataqim
Lima munggah swarga tanpa ana hisabe 2x
 

ISLAM KTP


يا رسول الله سلام عليلك
يا رفيع الشان رالدرج

Wong arep ngaji isin karo kancane
Malah ora isin marang Pangerane 2x

Terus ngajine ora diperloake
Sing diperloake ngandhaake tanggane 2x

Awak isih waras ra eling Pangerane
Mbasan arep mati nyebut-nyebut Gustine 2x

Akeh wong ngaku Islam Agamane
Nanging ora shalat ring limang waktune 2x

 

HUSNUL KHATIMAH



HUSNUL KHATIMAH


صلاة الله سلام الله     علي طه رسول الله
صلاة الله سلام الله     علي يس حبيب الله

Ya Allah kita nyuwun, pinaringan istiqomah
Ya Allah kita nyuwun, mbenjing pejah husnul khotimah

Ya Allah kita nyuwun, pinaringan umur berkah
Kangge ibadah kanthi taat, lan nebihi laku maksiat

Ya Allah kita nyuwun, pinaringan rizqi kathah
Saged kangge amal jariyah, lan ziarah dhateng mekkah.
 

HIDUP HANYALAH SEMENTARA

 


HIDUP HANYALAH SEMENTARA
( Urip Mung Sadhelo )


استغفر الله رب البرايا
استغف الله من الخطاايا

Ayo sedulur sing sregep ngaji, ngaji iku sangune mati
Wong mati iku banget larane, sebab nyawane ilang saking awake

Wong urip ning donya iku mung sesaat, mangka sing age-age anggonmu tobat
Tobat saking sakabehing maksiat, mumpung durung teka wektune wafat

Untung temen wong sing gelem shalat, lan ngakeh-ngakehi maca shalawat
Shalawat maring Nabi Muhammad, sebab ngajeng-ngajeng angsal syafa'at.

 
 
Support : Creating Website | Shiroyom Template | Shiroyom Template
Copyright © 2011. SYIIRAN KIYAI-KIYAI - All Rights Reserved
Template Created by Royom 54 Published by Shiroyom Template
Proudly powered by Blogger