PUJIAN AMAR MA'RUF







PUJIAN AMAR MA'RUF
( Pujian Kanggo Ajak-Ajak Becik ) 


اللهم صل وسلم علي سيدنا محمد خير الوري
سيدنا محمد خير الانام محمد شفيعنا يوم الزحام

He sedulur sira padha mangertia
Urip kita bebarengan ana donya
Ora suwe nuli kita ora ana
Bali sowan maring Allah kang kuwasa

Mula kudu sing prayitna aja lena
Aja nganti kepincut gebyare donya
Aja tansah nguja hawa nafsu kita
Kang ngajak laku ala lan duraka

Mula ayo padha mempeng anggone ngaji
Gawe sangu mbesuk anggone padha bali
Sowan maring Allah ingkang Mahasuci
Kanthi Iman kelawan Islam kang sejati

Nuwun kita maring Allah kang sawiji
Lamun kita arep tumekane janji
Tansah eling maring Allah kanthi muji
Tan ana liya anging Allah kang sawiji

Menawa kita bisa tetep mati Islam
Insya Allah bisa njawab pitakonan
Kanthi tatag sebab duwe sangu Iman
Ora susah apa maneh gragapan

Mula ayo mumpung urip bebalapan
Ngudi Ilmu minangka tambahing Iman
Aja dhemen njagong omong lelahanan
Luwih-luwih nyatur  liyan nggo nyamikan

He sedulur kita wajib setya tuhu
Kabeh Ilmu wulangane bapak guru
Kita titi aja nganti klera-kleru
Lamun kleru ngibadahe ora payu

Mumpung urip kabeh wae sedulurku
Niti-niti ala becike lakuku
Sebab mbesuk ana ngarsane Gustiku
Bakal dipriksa ala becike ngamalku

Luwih-luwih shalat fardlu lelimane
Dzuhur Asar Maghrib Isyak lan Subuhe
Kudu ngerti kabeh syarat lan rukune
Iku dadi kuncine kabeh ngamale

Yen katrima shalat kita sakabehe
Mesti bakal katrima kabeh ngamale
Gusti Allah ngganjar marang kawulane
Insya Allah bisa mlebu suwargane

Ayo-ayo sedulurku kabeh wae
Bapak-bapak Ibu-ibu lan puterane
Mlebu Islam agama kang nylametake
Slamet donya tumekaning akherate

Ora ana Agama ing donya iki
Islam terang cetha Agama kang suci
Pranatane Allah ingkang Mahasuci
Kang kaampil Gusti kita kanjeng Nabi

Muga-muga manah kita tinarbuka
Dening Allah Dzat ingkang Mahakuwasa
Enggal bisa nindakake dhawuh Agama
Kanthi ikhlas ora sarana kepeksa

Uwis cukup sedulur semen wae
Pepilingku marang sira kabeh
Mbok menawa ana kleru lan lupute
Kersa paring ngapura saiki wae

Mugi-mugi Gusti ingkang Mahasuci
Lepat kita sedaya dipun ampuni
Mugi-mugi Gusti Allah ngijabahi
Amin-amin ya Allah robbal'alamin
Share this article :
 

Posting Komentar

TERIMA KASIH atas kunjungan anda ke BLOG kami, semoga apa yang penulis berika dapat bermanfaat bagi diri penulis, dan bagi para pembaca dimanapun berada

 
Support : Creating Website | Shiroyom Template | Shiroyom Template
Copyright © 2011. SYIIRAN KIYAI-KIYAI - All Rights Reserved
Template Created by Royom 54 Published by Shiroyom Template
Proudly powered by Blogger